Ramalan Joyoboyo..No 1- No 216




http://www.primbonku.info

  1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran ---> Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
  2. Tanah Jawa kalungan wesi ---> Pulau Jawa berkalung besi.
  3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang ---> Perahu berjalan di angkasa.
  4. Kali ilang kedhunge ---> Sungai kehilangan mata air.
  5. Pasar ilang kumandhang ---> Pasar kehilangan suara.
  6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak ---> Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  7. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
  8. Sekilan bumi dipajeki ---> Sejengkal tanah dikenai pajak.
  9. Jaran doyan mangan sambel ---> Kuda suka makan sambal.
  10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --->Orang perempuan berpakaian lelaki.
  11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman ---> Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.
  12. Akeh janji ora ditetepi ---> Banyak janji tidak ditepati.
  13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe ---> Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  14. Manungsa padha seneng nyalah ---> Orang-orang saling lempar kesalahan.
  15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi ---> Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  16. Barang jahat diangkat-angkat ---> Yang jahat dijunjung-junjung.
  17. Barang suci dibenci ---> Yang suci (justru) dibenci.
  18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwi t---> Banyak orang hanya mementingkan uang.
  19. Lali kamanungsan ---> Lupa jati kemanusiaan.
  20. Lali kabecikan ---> Lupa hikmah kebaikan.
  21. Lali sanak lali kadang ---> Lupa sanak lupa saudara.
  22. Akeh bapa lali anak ---> Banyak ayah lupa anak.
  23. Akeh anak wani nglawan ibu --->Banyak anak berani melawan ibu.
  24. Nantang bapa ---> Menantang ayah.
  25. Sedulur padha cidra ---> Saudara dan saudara saling khianat.
  26. Kulawarga padha curiga ---> Keluarga saling curiga.
  27. Kanca dadi mungsuh ---> Kawan menjadi lawan.
  28. Akeh manungsa lali asale ---> Banyak orang lupa asal usul.
  29. Ukuman Ratu ora adil ---> Hukuman Raja tidak adil.
  30. Akeh pangkat sing jahat lan ganji l---> Banyak pejabat jahat dan ganjil
  31. Akeh kelakuan sing ganjil ---> Banyak ulah-tabiat ganjil
  32. Wong apik-apik padha kapencil ---> Orang yang baik justru tersisih.
  33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin ---> Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
  34. Luwih utama ngapusi ---> Lebih mengutamakan menipu.
  35. Wegah nyambut gawe ---> Malas untuk bekerja.
  36. Kepingin urip mewah ---> Inginnya hidup mewah.
  37. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka ---> Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  38. Wong bener thenger-thenger ---> Orang (yang) benar termangu-mangu.
  39. Wong salah bungah ---> Orang (yang) salah gembira ria.
  40. Wong apik ditampik-tampik ---> Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  41. Wong jahat munggah pangkat ---> Orang (yang) jahat naik pangkat.
  42. Wong agung kasinggung ---> Orang (yang) mulia dilecehkan
  43. Wong ala kapuja ---> Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  44. Wong wadon ilang kawirangane ---> perempuan hilang malu.
  45. Wong lanang ilang kaprawirane ---> Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
  46. Akeh wong lanang ora duwe bojo ---> Banyak laki-laki tak mau beristri.
  47. Akeh wong wadon ora setya marang bojone ---> Banyak perempuan ingkar pada suami.
  48. Akeh ibu padha ngedol anake ---> Banyak ibu menjual anak.
  49. Akeh wong wadon ngedol awake ---> Banyak perempuan menjual diri.
  50. Akeh wong ijol bebojo ---> Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  51. Wong wadon nunggang jaran ---> Perempuan menunggang kuda.
  52. Wong lanang linggih plangki ---> Laki-laki naik tandu.
  53. Randha seuang loro ---> Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  54. Prawan seaga lima ---> Lima perawan lima picis.
  55. Dhudha pincang laku sembilan uang ---> Duda pincang laku sembilan uang.
  56. Akeh wong ngedol ngelmu ---> Banyak orang berdagang ilmu.
  57. Akeh wong ngaku-aku ---> Banyak orang mengaku diri.
  58. Njabane putih njerone dhadhu ---> Di luar putih di dalam jingga.
  59. Ngakune suci, nanging sucine palsu ---> Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  60. Akeh bujuk akeh lojo---> Banyak tipu banyak muslihat.
  61. Akeh udan salah mangsa---> Banyak hujan salah musim.
  62. Akeh prawan tuwa---> Banyak perawan tua.
  63. Akeh randha nglairake anak---> Banyak janda melahirkan bayi.
  64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne---> Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  65. Agama akeh sing nantang---> Agama banyak ditentang.
  66. Prikamanungsan saya ilang---> Perikemanusiaan semakin hilang.
  67. Omah suci dibenci---> Rumah suci dijauhi.
  68. Omah ala saya dipuja---> Rumah maksiat makin dipuja.
  69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi---> Perempuan lacur dimana-mana.
  70. Akeh laknat---> Banyak kutukan.
  71. Akeh pengkianat---> Banyak pengkhianat.
  72. Anak mangan bapak---> Anak makan bapak.
  73. Sedulur mangan sedulur---> Saudara makan saudara.
  74. Kanca dadi mungsuh---> Kawan menjadi lawan.
  75. Guru disatru---> Guru dimusuhi.
  76. Tangga padha curiga--->Tetangga saling curiga.
  77. Kana-kene saya angkara murka ---> Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  78. Sing weruh kebubuhan---> Barangsiapa tahu terkena beban.
  79. Sing ora weruh ketutuh---> Sedang yang tak tahu disalahkan.
  80. Besuk yen ana peperangan---> Kelak jika terjadi perang.
  81. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---> Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  82. Akeh wong becik saya sengsara---> Banyak orang baik makin sengsara.
  83. Wong jahat saya seneng---> Sedang yang jahat makin bahagia.
  84. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul---> Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  85. Wong salah dianggep bener---> Orang salah dipandang benar.
  86. Pengkhianat nikmat---> Pengkhianat nikmat.
  87. Durjana saya sempurna---> Durjana semakin sempurna.
  88. Wong jahat munggah pangkat---> Orang jahat naik pangkat.
  89. Wong lugu kebelenggu---> Orang yang lugu dibelenggu.
  90. Wong mulya dikunjara---> Orang yang mulia dipenjara.
  91. Sing curang garang---> Yang curang berkuasa.
  92. Sing jujur kojur---> Yang jujur sengsara.
  93. Pedagang akeh sing keplarang---> Pedagang banyak yang tenggelam.
  94. Wong main akeh sing ndadi---> Penjudi banyak merajalela.
  95. Akeh barang haram---> Banyak barang haram.
  96. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  97. Wong wadon nglamar wong lanang---> Perempuan melamar laki-laki.
  98. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---> Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  99. Akeh barang-barang mlebu luang---> Banyak barang terbuang-buang.
  100. Akeh wong kaliren lan wuda---> Banyak orang lapar dan telanjang.
  101. Wong tuku ngglenik sing dodol---> Pembeli membujuk penjual.
  102. Sing dodol akal okol---> Si penjual bermain siasat.
  103. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---> Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  104. Sing kebat kliwat---> Yang tangkas lepas.
  105. Sing telah sambat---> Yang terlanjur menggerutu.
  106. Sing gedhe kesasar---> Yang besar tersasar.
  107. Sing cilik kepleset---> Yang kecil terpeleset.
  108. Sing anggak ketunggak---> Yang congkak terbentur.
  109. Sing wedi mati---> Yang takut mati.
  110. Sing nekat mbrekat---> Yang nekat mendapat berkat.
  111. Sing jerih ketindhih---> Yang hati kecil tertindih
  112. Sing ngawur makmur---> Yang ngawur makmur
  113. Sing ngati-ati ngrintih---> Yang berhati-hati merintih.
  114. Sing ngedan keduman---> Yang main gila menerima bagian.
  115. Sing waras nggagas---> Yang sehat pikiran berpikir.
  116. Wong tani ditaleni---> Orang (yang) bertani diikat.
  117. Wong dora ura-ura---> Orang (yang) bohong berdendang.
  118. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane--> -Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  119. Bupati dadi rakyat---> Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  120. Wong cilik dadi priyayi---> Rakyat kecil jadi priyayi.
  121. Sing mendele dadi gedhe---> Yang curang jadi besar.
  122. Sing jujur kojur---> Yang jujur celaka.
  123. Akeh omah ing ndhuwur jaran---> Banyak rumah di punggung kuda.
  124. Wong mangan wong---> Orang makan sesamanya.
  125. Anak lali bapak---> Anak lupa bapa.
  126. Wong tuwa lali tuwane---> Orang tua lupa ketuaan mereka.
  127. Pedagang adol barang saya laris---> Jualan pedagang semakin laris.
  128. Bandhane saya ludhes---> Namun harta mereka makin habis.
  129. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---> Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  130. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---> Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  131. Sing edan bisa dandan---> Yang gila bisa bersolek.
  132. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---> Si bengkok membangun mahligai.
  133. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---> Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  134. Ana peperangan ing njero---> Terjadi perang di dalam.
  135. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---> Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  136. Durjana saya ngambra-ambra---> Kejahatan makin merajalela.
  137. Penjahat saya tambah---> Penjahat makin banyak.
  138. Wong apik saya sengsara---> Yang baik makin sengsara.
  139. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---> Banyak orang mati karena perang.
  140. Kebingungan lan kobongan---> Karena bingung dan kebakaran.
  141. Wong bener saya thenger-thenger---> Si benar makin tertegun.
  142. Wong salah saya bungah-bungah---> Si salah makin sorak sorai.
  143. Akeh bandha musna ora karuan lungane---> Banyak harta hilang entah ke mana
  144. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---> Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  145. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---> Banyak barang haram, banyak anak haram.
  146. Bejane sing lali, bejane sing eling---> Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  147. Nanging sauntung-untunge sing lali---> Tapi betapapun beruntung si lupa.
  148. Isih untung sing waspada---> Masih lebih beruntung si waspada.
  149. Angkara murka saya ndadi---> Angkara murka semakin menjadi.
  150. Kana-kene saya bingung---> Di sana-sini makin bingung.
  151. Pedagang akeh alangane---> Pedagang banyak rintangan.
  152. Akeh buruh nantang juragan---> Banyak buruh melawan majikan.
  153. Juragan dadi umpan---> Majikan menjadi umpan.
  154. Sing suwarane seru oleh pengaruh---> Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  155. Wong pinter diingar-ingar---> Si pandai direcoki.
  156. Wong ala diuja---> Si jahat dimanjakan.
  157. Wong ngerti mangan ati---> Orang yang mengerti makan hati.
  158. Bandha dadi memala---> Hartabenda menjadi penyakit
  159. Pangkat dadi pemikat---> Pangkat menjadi pemukau.
  160. Sing sawenang-wenang rumangsa menang ---> Yang sewenang-wenang merasa menang
  161. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---> Yang mengalah merasa serba salah.
  162. Ana Bupati saka wong sing asor imane---> Ada raja berasal orang beriman rendah.
  163. Patihe kepala judhi---> Maha menterinya benggol judi.
  164. Wong sing atine suci dibenci---> Yang berhati suci dibenci.
  165. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---> Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  166. Pemerasan saya ndadra---> Pemerasan merajalela.
  167. Maling lungguh wetenge mblenduk ---> Pencuri duduk berperut gendut.
  168. Pitik angrem saduwure pikulan---> Ayam mengeram di atas pikulan.
  169. Maling wani nantang sing duwe omah---> Pencuri menantang si empunya rumah.
  170. Begal pada ndhugal---> Penyamun semakin kurang ajar.
  171. Rampok padha keplok-keplok---> Perampok semua bersorak-sorai.
  172. Wong momong mitenah sing diemong---> Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  173. Wong jaga nyolong sing dijaga---> Si penjaga mencuri yang dijaga.
  174. Wong njamin njaluk dijamin---> Si penjamin minta dijamin.
  175. Akeh wong mendem donga---> Banyak orang mabuk doa.
  176. Kana-kene rebutan unggul---> Di mana-mana berebut menang.
  177. Angkara murka ngombro-ombro---> Angkara murka menjadi-jadi.
  178. Agama ditantang---> Agama ditantang.
  179. Akeh wong angkara murka---> Banyak orang angkara murka.
  180. Nggedhekake duraka---> Membesar-besarkan durhaka.
  181. Ukum agama dilanggar---> Hukum agama dilanggar.
  182. Prikamanungsan di-iles-iles---> Perikemanusiaan diinjak-injak.
  183. Kasusilan ditinggal---> Tata susila diabaikan.
  184. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---> Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  185. Wong cilik akeh sing kepencil---> Rakyat kecil banyak tersingkir.
  186. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---> Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  187. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---> Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  188. Lan duwe prajurit---> Dan punya prajurit.
  189. Negarane ambane saprawolon---> Lebar negeri seperdelapan dunia.
  190. Tukang mangan suap saya ndadra---> Pemakan suap semakin merajalela.
  191. Wong jahat ditampa---> Orang jahat diterima.
  192. Wong suci dibenci---> Orang suci dibenci.
  193. Timah dianggep perak---> Timah dianggap perak.
  194. Emas diarani tembaga---> Emas dibilang tembaga.
  195. Dandang dikandakake kuntul---> Gagak disebut bangau.
  196. Wong dosa sentosa---> Orang berdosa sentosa.
  197. Wong cilik disalahake---> Rakyat jelata dipersalahkan.
  198. Wong nganggur kesungkur---> Si penganggur tersungkur.
  199. Wong sregep krungkep---> Si tekun terjerembab.
  200. Wong nyengit kesengit---> Orang busuk hati dibenci.
  201. Buruh mangluh---> Buruh menangis.
  202. Wong sugih krasa wedi---> Orang kaya ketakutan.
  203. Wong wedi dadi priyayi---> Orang takut jadi priyayi.
  204. Senenge wong jahat---> Berbahagialah si jahat.
  205. Susahe wong cilik---> Bersusahlah rakyat kecil.
  206. Akeh wong dakwa dinakwa---> Banyak orang saling tuduh.
  207. Tindake manungsa saya kuciwa---> Ulah manusia semakin tercela.
  208. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---> Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  209. Wong Jawa kari separo---> Orang Jawa tinggal setengah.
  210. Landa-Cina kari sejodho ---> Belanda - Cina tinggal sepasang.
  211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---> Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  212. Sing eman ora keduman---> Si hemat tidak mendapat bagian.
  213. Sing keduman ora eman---> Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  214. Akeh wong mbambung---> Banyak orang berulah dungu.
  215. Akeh wong limbung---> Banyak orang limbung.
  216. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---> Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

" NAMA-NAMA BUDDHIS "

“大悲咒 | Ta Pei Cou (Mahakaruna Dharani) & UM-MANI-PAD-ME-HUM”

“ Fangshen cara membayar Hutang Karma Buruk dengan cepat dan Instan “